LAKON 1
PENGINEPANE SETAN
Setan1, 2,3, 4 : eng ing eng….ayo mlebu nang omah kuwi!!
Ing titi wanci awan bakda sekolah, semar, gareng lan petruk janjian sinau kelompok ning omahe bagong. Semar mangkat dewe.. Petruk lan gareng mangkat bareng-bareng
Semar : bismillah… assalamu’alaikum gong
Bagong : wa’alaikumussalam mar..
Setan1, 2,3, 4 :waaaaa.. panas binggoooo..Golek penginepan liya wae yo kanca-kanca!!!
Setan 1 : la iki omah mewah,,, nginep kene wae yo…
Setan 2,3,4 : ayooooooo…
Gareng :woowww iki omah kok megah banget yo truk..
Petruk : iyo omahe bagong pancen puol apike..
Gareng lan petruk : Gong….. spadaaaaaa….ning omah ora??
Setan 1: ayo kancaku setan durhaka mlebu omahe bagong
Setan 2, 3 : asyikkk.. entuk penginepan kanggo santaii
MAEM NANG RESTORAN
Setan 1: uuuhhhh.. ngelih banget aku.
Setan 2: maem karo menungsa wae yook!
Setan 3: idemu jos gandhossss.
Puntodewa, werkudara lan arjuna pada maem bareng ing restoran sederhana…..
Puntodewa: sakdurunge maem jo lali do donga sek.. bismillah..
Werkudara lan arjuna: bismillah…. nyam-- nyam
Setan 1: waduhhh.. cilaka ki.. do nyebut jeneng Gusti Alloh..
Setan 2: nasib ya nasib.. ra mamam enak ki…
Setan 3: tenang- tenang.. ayo golek gerilya liyane
Setan1, 2, 3: enake dadi menungsa…
Ning sak jejere meja puntodewa lan kanca-kanca. Petruk lan bagong podo meh mamam bareng..
Petruk: srutupppp…wedange seger tenan..
Bagong: nyam-nyam rotine jos binggoo..
Setan 1: asyik ra do donga bismillah… ayooo kanca-kanca iso pesta maem bareng..
Setan 2,3: ayokkkk !!